Cerita Lucu Basa Jawa: Endog Bebek vs Endog Pitik

April 20, 2012

BEBEK: Tik, endogmu dituku piro karo bakule endog?

PITIK:  Siji regane sewu, nek endogmu piro tho?

BEBEK: Sewu limangatus

PITIK: Loh kok iso luwih larang, merga luwih gedhe pa?

BEBEK:  Ora merga ukurane kok.

PITIK: Merga rasane luwih enak pa?

BEBEK: Kethoke ya ora, wong ana sing luwih seneng mangan endog pitik kok

PITIK: Sebape apa yah?

BEBEK: Menurut aku sebape endogmu ora dicat ndisik ning wetengmu dadi rupane putih coklat. Beda karo endogku sing ndadak dicat biru ndisik ning jero weteng, dadi ya regane luwih larang


Cerita Lucu Jawa: Ujian Nasional

April 14, 2012

IBU: Andi sesuk ujian kok malah nonton TV?

ANDI:  Lah Ibu kok ya melu nonton TV

IBU: Aku rak ora ujian!

ANDI:  Nek Ibu pasa kok aku ora etuk mangan neng ngarepe Ibu? Bedane apa?

IBU: Wah cah iki ngeyel tenan! Ya uwis TV-ne tak pateni wae

ANDI:  Nah ini baru namanya Ibu Teladan. Mbok sisan ngewangi aku goleki jawaban soal-soal latihan Bu. Bukune akeh banget je.

IBU: Ya wis kene-kene tak ewangi! Wah aku rasido nonton sinetron, malah dadi sinau matematika iki….

 

 


Kenalan Sareng Google Translate

Oktober 10, 2008

Ana kabar sing agawe bungahe ati. Google Translate, yaiku sawijining program penerjemahan online saiki wis nglebokke Basa Indonesia sebagai salah sawijining basa sing bisa diterjemahke ning pirang-pirang basa liyane.

Piye carane nganggo Google Translate?

Carane nganggo Google Translate gampang. Awake dewe garek mlebu ning situs http://translate.google.com, terus milih nerjemahke tulisan saka sawijining basa dadi tulisan ing basa liyane sing tersedia ning kono. Sakjane situs iki mirip program Transtool, nanging dilakokake online liwat internet lan gratis.

Ana maneka warna basa sing cumepak ing Google Translate. Contone artikel ing Basa Indonesia iso diterjemahake dadi Basa Inggris, Basa Belanda, Basa Jerman, uga iso dadi Basa Jepang lan Basa Arab. Pancen hasile hurung patiya apik, ananging sithik-sithik iso mbantu awake dhewe menawa kepingin nerjemahake artikel ing maneka warna basa manca.

Google Translate uga nyediaake fasilitas kanggo awake dewe sing kepengin menehi saran kanggo Google Translate supados terjemahane iso luwih apik. Kanthi mengkono awake dewe iso ngarep-ngarep saya suwe kualitas penerjemahan sansaya apik jalaran akeh wong sing menehi saran dateng Google Translate.

Baca entri selengkapnya »


Sapa Bisa Nglebokke Jerapah Ning Kulkas?

Oktober 8, 2008

Aku ethuk cangkriman iki ning sawijining acara pelatihan sing isine tentang being the best (dadi sing paling apik). Aja dadi wong sakbaene uwong, dadiyo wong kang mumpuni. Salah sawijining materi pelatihan sing menarik yaiku cangkriman sing ditakoake si trainer.

Pemandangan, view dari dalam Bakso Bangjo

Mungkin panjenengan sampun nate mirengaken cangkriman, ugi sampun mengertos jawaban cangkriman sing jarene dikarang dening sawijining konsultan internasional punika. Nalika cangkriman iku ditakoake ing pelatihan — ketoke ya sipilitik — iso di bedhek karo peserta pelatihan. Sing pada njawab ethuk hadiah buku karangane si trainer.

Ana filosofi mranani ing sak njerone cangkriman, yaiku kautaman mikir kanti sederhana. Resep supaya iso njawab cangkriman, yaiku pikiran sing sederhana. Uga ana piwulang liyane, yaiku sesambungan antara cangkriman siji lan sijine, mratelaake anane sesambungan antara masalah siji lan masalah liyane ing kahanan saben dina.

Jarene naliko cangkriman ditakokke marang bocah-bocah cilik, sebagian cangkriman iso di jawab. Sebabe cah cilik pikirane isih sederhana, durung tau krungu informasi sing marakke pikirane rumit. Beda karo wong tuwo sing wis ngerti werno-werno perkara.

^_^

Apa tho isining cangkriman iku?

Cangkriman-1
Piye carane nglebokke jerapah ning kulkas?

Jawaban:
Dibukak lawange, dilebokke jerapahe, banjur lawange ditutup meneh.
(persis ngajari bocah TK nyimpen jeruk ning jero kulkas ya?)

Cangkriman-2
Piye carane nglebokke gajah ning njero kulkas?

Jawaban:
Dibukak lawange, dithokke jerapahe, dilebokke gajahe, trus ditutup meneh lawange.
(Ojo lali jerapahe dithokke ndisik, ndak suk-suk-an ning jero kulkas, terus malah pada gelut)

Cangkriman-3
Macan si rajaning alas nganaake konferensi kanggo kabeh kewan.
Kewan apa sing ora teka?

Jawaban:
Mesthine wae si gajah, amarga isih ndekem ning njero kulkas.
(isih ana hubungane karo cangkriman-2)

Cangkriman-4
Piye carane nyabrang kali sing dianggo omah dening baya cacahe akeh benget?
Baca entri selengkapnya »


Cerita Cekak: Caos Pangurmatan marang Wong Tuwo

Oktober 4, 2008

Bahan cerita iki saka kancaku. Nanging aku wis rada lali marang ceritane kancaku, dadi ya sing tak pentingke isi ceritane, dudu detail ceritane. Kurang luwihe ceritane kaya ngene.

Kala semono Bapakne kancaku isih aktif dadi sawijining perwira ABRI. Bapakne kuwi nduwe kebiasaan sing mranani. Wis adat saben ing dina riyadi, anak buahe Bapak akeh sing sowan arep ujung. Sakdurunge anak buahe teka, biasane Bapak wis ngadek ning lawang karo Ibu, siap nampa tamu sing arep nyambung silaturahmi.

foto: suasana setelah Shalat Ied di Lapangan Paseban, Bantul 1429 H / 2008

Ana telu perlakuan sing beda marang tamu-tamune. Menawa tamune isih cah enom, Bapak tetep ngadheg ning lawang lan nyalami tamune. Menawa tamune wis rada tua, Bapak mlaku sak langkah mudhun ning latar omah kanggo nyambut si tamu. Nanging menawa tamu wis sepuh, luwih sepuh tinimbang Bapak, sanajan pangkate ning ngisore Bapak – si Bapak enggal-enggal mlaku mudhun ning latar kanggo nyambut rawuhe tamu.

Miturut Bapakne kancaku, perilaku iku mujutake pangurmatan marang wong kang luwih tuwo sanajan pangkate ora duwur. Ing dina riyadi, Bapakne kepengin pangkat ora dipitung meneh, sing digatekake perkara tuwa lan muda. Wong enom ngormati marang wong tuwo. Kaya pituture para alim.

Baca entri selengkapnya »


Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 31 pengikut lainnya.