Sakmenika ing papan punika
sira nyalira tanpa kanca
sepi tan ana swara
jagongan karo bayangan
kekancan karo gawean
nanging semangatmu gawe meri
kerja kerasmu nggegirisi
sikil-sikil nggo sirah
sirah-sirah nggo sikil
anggayuh cita-cita kang mulya
Punika dalan urip pilihanira
sing ora tau ngrasakke kasepen,
tumrapira kekancan ora ateges
kudu terus bebarengan
Senajan kekancan ora papa
upami dhewekan
Gegayuhanira mesthine beda
karo cita-cita rencangira
Senajan atinira cumaket
bebasna raganira pisah papan
berkorban demi anggayuh impian
kanthi kerja keras raga lan pikiran
dilambari bungahe ati
Haturaken sugeng tanggap warsa,
muga-muga cita-citanira,
dikabulke Allah kang maha kuasa
(bakso bangjo)
Ditulis oleh baksobangjo