Kenalan Sareng Google Translate

Ana kabar sing agawe bungahe ati. Google Translate, yaiku sawijining program penerjemahan online saiki wis nglebokke Basa Indonesia sebagai salah sawijining basa sing bisa diterjemahke ning pirang-pirang basa liyane.

Piye carane nganggo Google Translate?

Carane nganggo Google Translate gampang. Awake dewe garek mlebu ning situs http://translate.google.com, terus milih nerjemahke tulisan saka sawijining basa dadi tulisan ing basa liyane sing tersedia ning kono. Sakjane situs iki mirip program Transtool, nanging dilakokake online liwat internet lan gratis.

Ana maneka warna basa sing cumepak ing Google Translate. Contone artikel ing Basa Indonesia iso diterjemahake dadi Basa Inggris, Basa Belanda, Basa Jerman, uga iso dadi Basa Jepang lan Basa Arab. Pancen hasile hurung patiya apik, ananging sithik-sithik iso mbantu awake dhewe menawa kepingin nerjemahake artikel ing maneka warna basa manca.

Google Translate uga nyediaake fasilitas kanggo awake dewe sing kepengin menehi saran kanggo Google Translate supados terjemahane iso luwih apik. Kanthi mengkono awake dewe iso ngarep-ngarep saya suwe kualitas penerjemahan sansaya apik jalaran akeh wong sing menehi saran dateng Google Translate.


Conto penerjemahan tulisan Basa Indonesia dadi Basa Inggris

Tinggalkan komentar